Assalamualaikum Wr Wb.
Ingkang kula kurmati, ketua PKK Maju Adil Sukses Sentosa
Lan para anggota Arisan ingkang satuhu kinabekten.
Wonten ing dinten sabtu 25 februari menika . Ingkang sepisan Sumangga kita aturaken puji lan syukur
dumateng gusti ingkang maha welas asih , amargi paringipun rahmat kita
taksih saged makempal ing enjing menika lan saged ndherek acara rutin Arisan ingkang dipun laksanaken saben
sewulan sepindah. Minggah reroncening acara
wonten ing wekdal menika, sepindah pambuka, kaping kalih sambutan ketua
PKK, kaping tiga demo masak, kaping sekawan Pengundian arisan, ingkang pungkasan doa utawi penutup.
Acara ingkang sepindah pambuka, mangga ingkang agami
islam maos basmalah, ingkang ngrasuk agami sanes kula sumanggakaken , Bismillah
hirrohmannirrohim.
Ndhungkap acara ingkang kaping kalih sambutan ketua PKK ,
dhumateng ibu Ganang wekdal kula
sumanggaaken
-
Sambutan ketua PKK…
-
Matur nuwun dhumateng ibu ketua pkk ingkang
sampun maringi sambutan
Acara salajengipun inggih menika demo masak , dhumateng
ibu Setyawan wekdal kula sumanggaaken
-
Demo masak…
-
Matur nuwun dhumateng ibu setyawan ingkang
sampun kersa maringi sekedhik ngelmu masak
Acara ingkang kaping sekawan inggih menika Arisan ,
dhumateng ibu Ganang wekdal kula sumanggaaken
-
Arisan…
-
Dhumateng ibu ganang kula aturaken matur nuwun.
Wonten ing pungkasaning
acara inggih punika doa utawi penutup. Kula pribadi anggenipun
ndhereaken lampahing acara kathah kalepatan lan kakhilafan kula nyuwun agunging
pangapunten.
mangga acara menika kita tutup kanthi waosan hamdallah
ingkang ngrasuk agami islam, ingkang ngrasuk agami sanes kula sumanggakaken. alhamdullilah hirobilngalamin.
Wasallamualaikum Wr. Wb